Asal Usul Desa Sedan

Written in

by


(Cerita Rakyat dari Sedan Rembang; Berbahasa Jawa)

Rikala jaman semana para wali nyebarake agama Islam ning tlatah Jawa, sakdurunge kabeh warga isih nganut agama Hindu. Wektu iku penguwasa isih diwengku dening raja ing Majapahit kang duweni gelar Prabu Brawijaya kaping V sakwetara wilayah Kabupaten Rembang wektu semana akeh alase. Penduduk uripe nggrombol ning pedesan cilik tur sepi.

Wusana kahanan kang mengkono teka nom-noman lanang manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake saka pesisir lor antarane 10 km arah kidul. Sakbanjure ing panggonan kang isih wujud alas kuwi nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dina tambah akeh wong-wong pribumi kono gelem melu pangajakane pengembara mau kang ora liyo sawijining Syayid.

Pedesaan kang maune sepi sansaya suwe tambah rejo, amarga akeh ditekani wong-wong manca saperlu meguru marang Syayid.

Sakwise ditekani wong-wong manca kang meguru marang Syayid, banjur netep manggon kono. Alas kang maune alas gung liwang liwung ewah dadi desa kang gede akeh penduduke. Kang luweh ngagetke para penduduk sing maune nganut agama Hindu lan patuh aturane kerajaan Majapahit, banjur anut agama Islam lan patuh karo sawijining Syayid kang nggawa ajaran agama Islam mau. Singkating cerita sing maune Syayid mung sawijining pengembara berubah dadi penguwasa ing panggonan kang anyar trus ora suwe dadi pedesan kang rame sing disebut Syayidan.

Kang maksude panggong sing dipanggoni sawijining Syayid. Tindak-tanduk lan subasitone Syayid patut kanggo tulada kang becik penduduk sakiwa tengene, akire pengembara Syayid netep ing kono karo pengikut-pengikute. Sakwise puluhan tahun Syayid netep ing kono, sakwijining wong kang dikagumi lan dipatuhi karo penduduk dadi pengarep nandang lara banjur tilar donya. Kabeh pengikute lan penduduk sekitare ngelingi jasa-jasane Syayid kang apik senadyan wis tilar donya tetep dadi pengeling-eling jasade dikubur cedak karo omahe banjur kuburane ditanduri wit Jati lan dikeramatke ora tau ditebang.

Wektu lumaku terus ora krasa puluhan tahun suwene, kuburane Syayid angker kasebut manggon kapernah 300 meter arah ngalor saka pasar Sedan saiki. Sebutan Sedan iku asal mulane saka tembung SYAYIDAN kang artine Syayid. Lha Syayidan ditetepke dadi aran desa kanggo ngormati lan ngelingi tumprap jasa-jasane sang Syayid kang nyebarke agama Islam ing kono. Sebutan Syayidan suwe ning suwe berubah dadi SEDAN. Percaya utawa ora, sing jelas cerita iki tumeka saiki isih diakui kebenarane tumprap masyarakat desa Sedan kecamatan Sedan kabupaten Rembang.

Sumber: http://sastra-jawa007.blogspot.com/2009/06/asal-usul-desa-sedan.html

3 responses to “Asal Usul Desa Sedan”

  1. Aulia Avatar

    walah, ora ngerti aku dan 🙂

    1. sedanonline Avatar

      haha., iya. soale kuwi pake bahasa jawa tingkat tinggi.

  2. Bagus Kamajaya Avatar
    Bagus Kamajaya

    Maaf mau tanya, makam yg dimaksud di atas apakah makam Galoco?

Leave a comment